Posted by : 51617 Rabu, 03 Juni 2015



BAIT TERAKHIR RAMALAN JAYA BAYA..

146.
wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil, sing ora abisa maling digethingi
sing pinter duraka dadi kanca, wong bener sangsaya thenger-thenger
wong salah sangsaya bungah, akeh bandha musna tan karuan larine
akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuan sebabe

orang waras dan adil hidupnya memprihatinkan dan terkucil, yang tidak dapat mencuri dibenci
yang pintar curang jadi teman, orang jujur semakin tak berkutik
orang salah makin pongah, banyak harta musnah tak jelas larinya
banyak pangkat dan kedudukan lepas tanpa sebab

147.
bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret, sakilan bumi dipajeki
wong wadon nganggo panganggo lanang, iku pertandhane yen bakal nemoni
wolak-walike zaman

bumi semakin lama semakin sempit, sejengkal tanah kena pajak
wanita memakai pakaian laki-laki, itu pertanda bakal terjadinya
zaman gonjang-ganjing

148.
akeh wong janji ora ditepati, akeh wong nglanggar sumpahe dhewe
manungsa padha seneng ngalap, tan anindakake hukuming Allah
barang jahat diangkat-angkat,barang suci dibenci

banyak orang berjanji diingkari, banyak orang melanggar sumpahnya sendiri
manusia senang menipu, tidak melaksanakan hukum Allah
barang jahat dipuja-puja, barang suci dibenci

Bersambung
Sumber:  http://sunjoyohadiwinoto.blogdetik.com/bait-terakhir-ramalan-jaya-baya/

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

Welcome to My Blog

Popular Post

- Copyright © Better Everyday -Robotic Notes- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -