Posted by : 51617 Senin, 01 Juni 2015



BAIT TERAKHIR RAMALAN JAYA BAYA.

140.
polahe wong Jawa kaya gabah diinteri, endi sing bener endi sing sejati
para tapa padha ora wani, padha wedi ngajarake piwulang adi
salah-salah anemani pati
Artinya...
tingkah laku orang Jawa seperti gabah ditampi, mana yang benar mana yang asli
para pertapa (orang alim) semua tak berani, takut menyampaikan ajaran benar
salah-salah dapat menemui ajal

141.
banjir bandang ana ngendi-endi, gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni
gehtinge kepathi-pati marang pandhita kang oleh pati geni, marga wedi kapiyak wadine sapa sira sing sayekti
Artinya...
banjir bandang dimana-mana, gunung meletus tidak diduga-duga, tidak ada isyarat dahulu
sangat benci terhadap pendeta yang bertapa, tanpa makan dan tidur, karena takut bakal terbongkar rahasianya siapa anda sebenarnya

142.
pancen wolak-waliking jaman, amenangi jaman edan
ora edan ora kumanan, sing waras padha nggagas
wong tani padha ditaleni, wong dora padha ura-ura
beja-bejane sing lali, isih beja kang eling lan waspadha
Artinya...
sungguh zaman gonjang-ganjing, menyaksikan zaman gila
tidak ikut gila tidak dapat bagian, yang sehat pada olah pikir
para petani dibelenggu, para pembohong bersuka ria
beruntunglah bagi yang lupa, masih beruntung yang ingat dan waspada

143.
ratu ora netepi janji, musna kuwasa lan prabawane
akeh omah ndhuwur kuda, wong padha mangan wong
kayu gligan lan wesi hiya padha doyan, dirasa enak kaya roti bolu
yen wengi padha ora bisa turu
Artinya...
raja tidak menepati janji, kehilangan kekuasaan dan kewibawaannya
banyak rumah di atas kuda, orang makan sesamanya
kayu gelondongan dan besi juga dimakan, katanya enak serasa kue bolu
malam hari semua tak bisa tidur

144.
sing edan padha bisa dandan, sing ambangkang padha bisa
nggalang omah gedong magrong-magrong
Artinya...
yang gila dapat berdandan, yang membangkang semua dapat
membangun rumah, gedung-gedung megah

145.
wong dagang barang sangsaya laris, bandhane ludes
akeh wong mati kaliren gisining panganan, akeh wong nyekel bendha ning uriping sengsara
Artinya...
orang berdagang barang makin laris tapi hartanya makin habis
banyak orang mati kelaparan di samping makanan, banyak orang berharta namun hidupnya sengsara

Bersambung....
Sumber:  http://sunjoyohadiwinoto.blogdetik.com/bait-terakhir-ramalan-jaya-baya/


Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

Welcome to My Blog

Popular Post

- Copyright © Better Everyday -Robotic Notes- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -